8 BAHASA JAWA BAB 1 MATERI 2
- UNGGAH – UNGGUH BASA JAWA
Unggah – ungguh basa kaperang dadi loro, yaiku ngoko lan krama. Basa ngoko kaperang dadi loro maneh, yaiku ngoko lugu lan ngoko alus, dene basa krama uga kaperang dadi dadi loro yaiku krama lugu lan krama alus.
- Ngoko Lugu, yaiku tetembungane migunakake basa ngoko kabeh, ora ana tembung krama utawa krama inggil tumrap wong sing diajak guneman. Gunane kanggo guneman antarane :
- Wong tuwa marang bocah enom
- Wong kang wis raket sesrawungane
- Wong kang apangkat dhuwur marang andhahane
- Bocah cilik karo kancane
- Ngunandika (ngomong dhewe)
Tuladha :
- Yen mengko kowe mengko lunga aku arep titip.
- Dhik, aja lali bukune digawa.
- Kowe delok wayang apa ora?
- Biyasane Bambang sing gawa kunci kantor.
- Ani lagi mangan roti.
- Ngoko Alus, yaiku basa kang luwih ngajeni marang wong kang diajak guneman. Basa ngoko alus tetembungane arupa tembung ngoko kacampur tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman.
Panggonane basa ngoko alus iku kanggo guneman antarane :
- Wong tuwa marang wong enom kang diajeni.
- Wong wadon marang kakunge.
- Priyayi marang priyayi kang wis tepung raket.
- Ngomongake wong liya kang diajeni.
Tuladha :
- Yen Njenengan tindak aku arep titip.
- Mas, aja lali bukune diasta.
- Njenengan mirsani wayang apa ora?
- Biyasane Pak Joni sing ngasta kunci kantor.
- Ibu lagi dhahar roti.
- Krama Lugu, yaiku basa kang migunakake tembung krama kabeh, ora kacampuran tembung krama inggil.
Gunane kanggo guneman antarane:
- Wong marang wong liya kang dianggep luwih tuwa utawa kinurmatan.
- Priyayi padha priyayi sing wis kulina.
- Priyayi marang sanakke kang luwih asor.
Tuladha :
- Menawi sampeyan kesah kula ajeng titip.
- Sampeyan menawi ajeng kesah ngenjing mawon.
- Biyasanipun Bambang ingkang mbeta kunci kantor.
- Ani nembe nedha roti.
- Krama Alus, yaiku basa kang migunakake tembung krama lan tembung krama inggil.
Krama Alus diengo guneman marang:
- Sapa wae sing luwih diajeni
- Wong kang luwih tuwa utawa dhuwur pangkate
- Wong kang durung tepung
Tuladha :
- Menawi panjenengan tindak kula badhe titip.
- Panjenengan menawi badhe tindak ngenjing kemawon.
- Ibu nembe dhahar roti.
- TEMBUNG : NGOKO, KRAMA LAN KRAMA INGGIL
NGOKO |
KRAMA |
KRAMA INGGIL |
aku alis anak ati aweh bali banyu bojo carita cawis cekel dadi dhuwit dudu durung duwe eling esuk gawe golek gedhe gelem gula guyu isin ilang ireng jupuk kabeh kembang klambi kandha lara lunga lenga mlaku metu nandur ngirim ngadeg nyekel ora oleh padha panas payung putih suwe sega takon turu udan umur wani wayang wedi yen |
Kula alis anak manah nyukani mantuk toya semah cariyos cawis cepeng dados yatra sanes dereng gadhah eling enjing damel pados ageng purun gendhis gujeng isin ical cemeng pendhet sedaya sekar rasukan sanjang sakit kesah lisah mlampah medal nanem ngintun ngadeg nyepeng mboten angsal sami benter payung pethak dangu sekul taken tilem jawah umur wantun ringgit ajrih menawi |
Kula imba putra panggalih maringi kondur toya garwa cariyos caos asta dados arta sanes dereng kagungan emut enjing damel pados ageng kersa gendhis gujeng lingsem ical cemeng pundhut sedanten sekar ageman ngendika gerah tindak lisah tindak miyos nanem ngintun jumeneng ngasta mboten pikantuk sami benter songsong pethak dangu sekul nyuwn pirsa sare jawah yuswa wantun ringgit ajrih menawi |
Tulisan Lainnya
8. BAHASA JAWA MATERI BAB
Dalan rusak, ora ana sing ndandani Dalan kabupaten saka wilayah kecamatan Sreseh tumeka kutha Sampang rusak lan padha growok, kendharaan roda 2 utawa roda 4 sing are
8 BAHASA JAWA BAB 2 MATERI 2
Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap ( Kalimat Aktif lan Kalimat Pasif ) Ukara Tanduk ( Kalimat Aktif ) Ukara Tanduk utawa kalimat aktif yaiku ukara sing wasesane awujud tembung
Kelas 8 BAHASA JAWA BAB 2
Wulangreh Pupuh Gambuh Serat Wulangreh iku mujudake salah sijining asiling sastra jawa arupa tembang macapat reriptane
8 BAHASA JAWA BAB 1 MATERI 3 SOAL
Ukara – ukara ing ngisor iki udhalen manut jinising tembung! Raden Ramawijaya menyang negara Alengka goleki Dewi Sinta. Mbak Yuli mundhut gendhis sedasa kilo. Bapak karo ibu tind
8 BAHASA JAWA BAB 1 MATERI 3
Jinising tembung miturut Aristoteles kaperang dadi 10 jinis. Tembung aran (kata benda) Tembung aran yaiku sakabehing tembung kang ngarani jenenge barang kalebu barang sing maujud uga
8 BAHASA JAWA BAB 1 MATERI 2 SOAL
Gawea ukara kanthi basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus ing papan kang wis kacawisake ngisor iki! Tuladha : Ani lagi mangan roti. Ibu lagi dhahar roti. Ani nembe ne
8 Bahasa Jawa Smt 1 Bab 1 Cerita Legenda ( Soal )
Wangsulana pitakon ing ngisor! Apa sing kok ngerteni babagan legenda? Crita legenda apa wae sing kok ngerteni? Geneya Jaka Wangsa dipateni dening rakyate? Sapa sejatine Jaka Wangsa kuw
8 Bahasa Jawa Smt 1 Bab 1 Cerita Legenda
Assalamualaikum para siswa kelas 8. Sugeng pepanggihan lumantar pawiyatan Daring ( Dalam Jaringan ) mugi - mugi kula lan para siswa tansah kaparingan kabagas warasan. Aaamiin. Tetap sem