9 BAHASA JAWA BAB 1 MATERI 2
UNGGAH-UNGGUH BASA
Unggah-ungguhing basa Jawi menika kathah sanget,nanging ing jaman samenika ingkang limrah tuwin baku dipunangge ing pasrawungan ing madyaning masyarakat namung 2 (kalih) warni,inggih menika:
- Basa Ngoko : Ngoko lugu lan Ngoko alus
- Basa Krama : 1. Krama lugu lan Krama alus
Basa ngoko lugu menawi dipunewahi dados basa krama lugu
Basa ngoko alus menawi dipunewahi dados basa krama alus
1.NGOKO LUGU
- Tembungipun: - Tembung ngoko sadaya
- ater-ater boten dipun kramakaken
- panambang boten dipun kramakaken
Tuladha:
- Tri, iki lho kowe dak wenehi buku!
- Cah, sinaua sing sregep, iki wis arep UAS!
- Bocah-bocah, preian suk emben arep dienekake piknik, kowe kabeh kudu melu.
- Lah, iya, Sur, bocah saiki angel basa. Lha, diwarahi wong tuwa ora nggatekake. Senenge budaya manca.
- Sri, renea! Latare kae saponana! Resake obongen!
- Tujune aku nggawa payung, athuka rak
- NGOKO ALUS : Tembungipun: -Tembung ngoko+karma inggil utawa krama andhap
-Ater-ater boten dipun kramakaken
-Panambang boten dipun kramakaken
-Tembung kowe dados sliramu utawi panjenengan
- Genea kok nitih bis, kok ora ngagem mobile dhewe?
- Kapan panjenengan tindak nggonku ?
- Pak,aku mau wis sowan mrene, nanging panjenengan tindak.
- Iki lho pak, wedange jae wis cumepak, dakaturi ngunjuk.
- Iki jadahe bakar mumpung anget.
- Sih, ibumu wis rawuh? Kowe ditimbali didhawuhi nguras kolah.
- KRAMA LUGU :Tembungipun: - tembung krama sadaya
- ater-ater dipun kramakaken
- panambang dipun kramakaken
- tembung aku dados kula
- tembung kowe dados sampeyan
Mar, kula badhe ningali pameran buku, sampeyan menapa tumut ?
- Nyuwun pangapunten mas, kula mangke badhe tilik dhik Siti ingkang wontengriya sakit.
- Ngendikanipun tiyang sepuh dhumateng tiyang enem ingkang dereng kulina.
- Nak menapa sampeyan sumerep griyanipun pak Sukir ?
- Sampeyan badhe kesah dhateng Surabaya ?
- Basa kangge awakipun piyambak.
- Bibar adus kula lajeng nedha sekul liwet.
- KRAMA ALUS
a.Tembungipun : tembung krama + krama inggil utawi krama andhap.
- Ater-ater dipun kramakaken
- Panambang dipun kramakaken
- Tembung aku dados kula, tembung kowe dados panjenengan
Tuladha:
- Pak Guru, kula kepareng nyuwun pirsa, tesipun tanggal pinten?
- Bu Guru, kula nyuwun ngampil buku Kasusastran Jawi.
- Bu, bapak menapa sampun wungu ? Kepareng kula nyuwun arta kangge tumbasbuku.
- Menawi tindak Sala, panjenengan kula aturi pinarak ing griya kula.
- Pak Lurah, sepedha motoripun menawi boten dipunagem badhe dipun suwun ngampil Pak Carik.
- Bu kula dipun utus dhateng peken, dipun dhawuhi tumbas menapa?
Tulisan Lainnya
9. BAHASA JAWA MATERI BAB 4
Nulis Naskah lan Maragakake Sandiwara Nulis Naskah Sandiwara (Drama) Naskah Sandiwara utawa drama yaiku karangan kang isine crita. Ing naskah sandiwara kasebut ngemot jenenge para par
9 BAHASA JAWA BAB 2
Paugeran lan Watak Tembang Macapat Tembang macapat kalebu salah sawijining kasusastran Jawa tradisional, kang nduweni paugeran utawa aturan, yaiku guru gatra, guru wilangan, lan guru
9 BAHASA JAWA BAB 1 SOAL 2
Gawea Tuladha ukara mawa unggah-ungguh basa ing ngisor iki! Tuladha : Ngoko Lugu : Omahku cedhak omahe Amir. Ngoko Alus : Daleme Bu Dina cedhak omahku. Krama Lugu : Griyanipun
9 Bahasa Jawa Smt 1 Bab 1 Teks Cerita Ramayana Anoman Duta SOAL
NB. Silakan dibuat grup perkelas. Grup Bahasa Jawa. No WA Bu Dita 085876571499 Ayahan 1. Nanggapi crita Anoman Duta Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis! Sapa
9 Bahasa Jawa Smt 1 Bab 1 Teks Cerita Ramayana Anoman Duta
Assalamualaikum para siswa SMP Negeri 1 Kalinyamatan TP. 2020/2021. Sugeng pepanggihan kaliyan Bu Dita lumantar pawiyatan Daring (Dalam Jaringan). Mugi - mugi kula saha para siswa tansa