8 BAHASA JAWA BAB 1 MATERI 3
Jinising tembung miturut Aristoteles kaperang dadi 10 jinis.
- Tembung aran (kata benda)
Tembung aran yaiku sakabehing tembung kang ngarani jenenge barang kalebu barang sing maujud uga sing ora maujud (abstrak).
Tuladha : buku, kursi, tv, piring, tas, kulkas, dipan, lemari, meja, manungsa, angin, setan, kepinteran, ngelmu, lsp.
- Tembung kriya (kata kerja)
Tembung kriya yaiku tembung kang nerangake sakabehing tumindak utawa prakaryan. Tembung kriya ana loro, yaiku :
- Kriya tanduk (kata kerja aktif)
Tuladha : mangan, turu, ngombe, sinau, nembang, mlaku, adus, lsp.
- Kriya tanggap (kata kerja pasif)
Tuladha : dipangan, diombe, disawang, diadusi, digendhong, lsp.
- Tembung sesulih (kata ganti)
Tembung sesulih yaiku tembung kang ngganteni tembung liya.Tembung sesulih kaperang dadi limang golongan.
- Tembung sesulih purusa (wong) : aku, kowe, dheweke
- Tembung sesulih darbe : -ku, -mu, -e/, -ne
- Tembung sesulih pitudhuh : iki, iku, kae, punika
- Tembung sesulih pitakon : sapa, apa, endi, pira, kepriye
- Tembung sesulih panggandheng : kang, sing
- Tembung wilangan (kata bilangan)
Tembung wilangan yaiku tembung kang nudhuhake wilangan utawa cacah.
Tuladha: siji, loro, telu, papat, seprapat, sekilo, setengah, akeh, lsp.
- Tembung sipat (kata sifat)
Tembung sipat yaiku tembung kang nerangake sawijining barang utawa kahanan.
Tuladha: apik, elek, kandel, pinter, bodho, pait, bunder, gedhe, cilik, lsp.
- Tembung katrangan (kata keterangan)
Sakabehing tembung kang nerangake tembung kriya diarani tembung katrangan.
Tembung katrangan kaperang dadi loro:
- Katrangan wektu yaiku kang nerangake wayah.
Tuladha: keri, esuk, awan, sore, mengko, wingi, gasik, lsp.
- Katrangan panggonan yaiku kang nerangake papan/panggonan.
Tuladha: ngisor, dhuwur, ngarep, mburi, lsp.
- Tembung panguwuh (kata seru)
Tuladha: adhuh, lhoh, hore, lho, lha, hayo, wo, lsp.
- Tembung sandhangan (kata sandhang)
Tuladha: Si, Sang, Hyang, Kyai, Raden, Ki
- Tembung panyambung (kata sambung)
Tembung panyambung utawa kata sambung yaiku tembung kang digunakake kanggo nyambung/nggandheng tembung utawa ukara.
Tuladha: lan, sarta, dene, mula, karo, mulane, tur, kaliyan, nanging, lsp.
- Tembung pangarep (kata depan)
Tuladha: ing, sing, katur, kang, yen, menyang.
Tulisan Lainnya
8. BAHASA JAWA MATERI BAB
Dalan rusak, ora ana sing ndandani Dalan kabupaten saka wilayah kecamatan Sreseh tumeka kutha Sampang rusak lan padha growok, kendharaan roda 2 utawa roda 4 sing are
8 BAHASA JAWA BAB 2 MATERI 2
Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap ( Kalimat Aktif lan Kalimat Pasif ) Ukara Tanduk ( Kalimat Aktif ) Ukara Tanduk utawa kalimat aktif yaiku ukara sing wasesane awujud tembung
Kelas 8 BAHASA JAWA BAB 2
Wulangreh Pupuh Gambuh Serat Wulangreh iku mujudake salah sijining asiling sastra jawa arupa tembang macapat reriptane
8 BAHASA JAWA BAB 1 MATERI 3 SOAL
Ukara – ukara ing ngisor iki udhalen manut jinising tembung! Raden Ramawijaya menyang negara Alengka goleki Dewi Sinta. Mbak Yuli mundhut gendhis sedasa kilo. Bapak karo ibu tind
8 BAHASA JAWA BAB 1 MATERI 2 SOAL
Gawea ukara kanthi basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus ing papan kang wis kacawisake ngisor iki! Tuladha : Ani lagi mangan roti. Ibu lagi dhahar roti. Ani nembe ne
8 BAHASA JAWA BAB 1 MATERI 2
UNGGAH – UNGGUH BASA JAWA Unggah – ungguh basa kaperang dadi loro, yaiku ngoko lan krama. Basa ngoko kaperang dadi loro maneh, yaiku ngoko lugu lan ngoko alus,
8 Bahasa Jawa Smt 1 Bab 1 Cerita Legenda ( Soal )
Wangsulana pitakon ing ngisor! Apa sing kok ngerteni babagan legenda? Crita legenda apa wae sing kok ngerteni? Geneya Jaka Wangsa dipateni dening rakyate? Sapa sejatine Jaka Wangsa kuw
8 Bahasa Jawa Smt 1 Bab 1 Cerita Legenda
Assalamualaikum para siswa kelas 8. Sugeng pepanggihan lumantar pawiyatan Daring ( Dalam Jaringan ) mugi - mugi kula lan para siswa tansah kaparingan kabagas warasan. Aaamiin. Tetap sem