• SMP NEGERI 1 KALINYAMATAN
  • Unggul dalam prestasi berdasarkan iman, taqwa, budi pekerti dan berwawasan lingkungan

9 BAHASA JAWA BAB 2

  1. Paugeran lan Watak Tembang Macapat

Tembang macapat kalebu salah sawijining kasusastran Jawa tradisional, kang nduweni paugeran utawa aturan, yaiku guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Guru gatra mujudake cacahing gatra (larik/baris) tembang saben sapada (sabait). Guru wilangan yaiku caching wanda utawa suku kata saben sagatra. Guru lagu yaiku tibaning swara (vocal) saben pungkasane gatra. Saben tembang nduweni paugeran dhewe-dhewe. Guru gatra, guru wilangan lan guru lagune saben tembang macapat macapat kaandharake ing ngisor iki:

  1. Mijil                   : Kedadeyan saka 6 gatra : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u 
  2. Kinanthi             : Kedadeyan saka 6 gatra : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i 
  3. Sinom                : Kedadeyan saka 9 gatra : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a 
  4. Asmaradana      : Kedadeyan saka 7 gatra : 8a, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a 
  5. Dhandhanggula  : Kedadeyan saka 10 gatra : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12e, 7a
  6. Gambuh            : Kedadeyan saka 4 gatra : 7u, 10u, 12i, 8o
  7. Maskumambang: Kedadeyan saka 4 gatra : 12i, 6a, 8i, 8a
  8. Durma               : Kedadeyan saka 7 gatra : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a 
  9. Pangkur             : Kedadeyan saka 7 gatra : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i 
  10. Megatruh         : Kedadeyan saka 5 gatra : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
  11. Pocung            : Kedadeyan saka 4 gatra : 12u, 6a, 8i, 12a

Sakliyane paugeran, saben tembang macapat uga nduweni watak utawa sipat, kang mujudake pasemon lan rasa kang dituwuhake ana ing saben tembang. Wondene watak tembang kaya kang kababar ing ngisor iki.

  • Mijil, watake wedharing rasa pangrasaning ati. Cocok kanggo pasemon crita kang ngemu pitutur, lan uga cocok kanggo tembang ngungrum (gandrung).
  • Sinom, watake grapyak semanak nanging wekasane asring dadi sereng jalaran ora kalegan karepe. Cocok kanggo pasemon paring pitutur kang sereng utawa kanggo crita tantang-tinantang.
  • Kinanthi, watake seneng, asih lan tresna. Cocok kanggo pasemon pitutur kanthi rasa tresna utawa kanggo crita katresnan.
  • Dhandhanggula, watake luwes lan ngresepake. Cocok kanggo pasemon paring piwulang, waosan wungon lan kidungan.
  • Asmaradana, watake sengsem, seneng, sedhih, prihatin. Cocok kanggo pasemon crita2 kasmaran lan kasedhihan.
  • Gambuh, watake rumaket, kulina, wanuh, wani. Cocok kanggo pasemon medhar pitutur kang rada sereng, jalaran antarane sing mituturi lan sing dituturi wis rumaket kulina.
  • Pangkur, watake sereng, kekarepan kang ora gampang nglokro/kemba. Cocok kanggo pasemon paring pitutur kang rada sereng.
  • Megatruh(Dudukwuluh), watake sedhih, susah, nglokro. Cocok kanggo crita lelakon susah lan kanggo ngemot pitutur ngelmu kebatinan tataran dhuwur.
  • Maskumambang, watake sedhih, susah, nelangsa, kelara-lara. Cocok kanggo pasemon crita sedhih nelangsa.
  • Durma, watake galak, jengkel, murina, nesu, muring, sereng. Cocok kanggo pasemon ngetokake uneg-uneging ati kang nembe nesu, muring, jengkel, sereng, uga kanggo pasemon crita perang.
  • Pocung, watake kendho tanpa greget. Cocok kanggo pasemon utawi medhar piwulang becik.

 

 

  1. Nulis Cakepan (Syair) Tembang Macapat Dhandhanggula

Tembang macapat kang kawentar, ing jaman biyen dianggit dening para pujangga kraton. Tembang macapat mau kaanggit kanthi ancas maringi wewarah utawa piwulang marang para putra, punggawa apa dene bebrayan agung. Sakliyane maringi piwulang uga bisa kanggo nuwuhake lan ngesokake rasa kang ana ing sajeroning ati.

Tembang macapat kuwi kalebu sawijining wujud geguritan (puisi) kang kaiket, utawa nduweni aturan. Tegese cacahe gatra (larik), wanda (suku kata) lan uga tibane swara saben barise kudu ngetutake aturan mau. Mula, yen arep nulis utawa nggawe cakepan (syair) tembang kudu nggatekake paugeran mau.

Kepiye carane nulis utawa nggawe cakepan (syair) tembang macapat dhandhanggula? Sakdurunge kudu nemtokake tema utawa bab kang didadekake tembang. Banjur ngrakit tetembungan kang pas karo pathokan tembange. Kang kudu dieling-eling tembang dhandhanggula dumadi saka 10 gatra, urut-urutane guru wilangan lan guru lagune yaiku:

  1. gatra kapisan 10 i
  2. gatra kapindho 10 a
  3. gatra katelu 8 e
  4. gatra kaping papat 7 u
  5. gatra kaping lima 9 i
  6. gatra kaping nem 7 a
  7. gatra kaping pitu 6 u
  8. gatra kaping wolu 8 a
  9. gatra kaping sanga 12 i
  10. gatra kaping sepuluh 7 a.

 

 

 

 

Kanggo gladhen sakdurunge nggawe cakepan tembang Dhandhanggula, coba gatekna tuladha ing ngisor iki

Paugeran Saben Sagatra

 

Cakepan Tembang kang Durung Trep

 

Cakepan Tembang kang Trep

10i

10a

Sun pratitis kang sekar manis     (9 i)

Para mudha kasatriyaning nagari(12 i)

Sun pratitis kang sinekar manis (10 i)

Pra mudha kasatriyaning bangsa(10a)

 

Sawise dijingglengi, apa wae kang luput saka cakepan ing dhuwur? Bisa saka guru wilangan lan uga guru lagune ta? Ana ing ngendi wae kaluputane saben gatrane?

  1. Gatra kapisan guru wilangan cacahe kudu 10 lan guru lagu kudu tiba ing swara i. Kamangka nyatane ing gatra kapisan guru wilangane cacahe mung 9, dene guru lagune wis trep. Supaya trep, mula guru wilangane kudu ditambahi sakwanda (suku kata), tembung sekar diowahi dadi
  2. Gatra kapindho guru wilangane cacahe nganti 12, kamangka kudune mung 10. Dene, guru lagune kudune tiba swara “a”, kamangka tibane swara malah “i”. Mula supaya trep, guru wilangane kudu dikurangi sakwanda, tembung para disingkat dadi Dadine Isih durung trep meneh ta? Saiki guru lagune kudu diowahi, tembung nagari diganti tembung kang tegese meh padha nanging tibane “a”, bangsa.

 

 TAMBAHAN:

ANGKA JAWA

Hasil gambar untuk ANGKA JAWA

AKSARA SWARA :

Aksara Rekan, Angka, Murda, Swara | faroidcs

 

 

Tulisan Lainnya
9 BAHASA JAWA BAB 1 SOAL 2

Gawea Tuladha ukara mawa unggah-ungguh basa ing ngisor iki! Tuladha : Ngoko Lugu : Omahku cedhak omahe Amir. Ngoko Alus  : Daleme Bu Dina cedhak omahku. Krama Lugu : Griyanipun

23/07/2020 12:33 WIB - Aditya Febi Setyaningrum
9 BAHASA JAWA BAB 1 MATERI 2

UNGGAH-UNGGUH BASA Unggah-ungguhing basa Jawi menika kathah sanget,nanging ing jaman samenika ingkang limrah tuwin baku dipunangge ing pasrawungan ing madyaning masyarakat namung 2 (ka

23/07/2020 12:23 WIB - Aditya Febi Setyaningrum
9 Bahasa Jawa Smt 1 Bab 1 Teks Cerita Ramayana Anoman Duta SOAL

 NB. Silakan dibuat grup perkelas. Grup Bahasa Jawa. No WA Bu Dita 085876571499 Ayahan 1. Nanggapi crita Anoman Duta Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis! Sapa

08/07/2020 10:21 WIB - Aditya Febi Setyaningrum
9 Bahasa Jawa Smt 1 Bab 1 Teks Cerita Ramayana Anoman Duta

Assalamualaikum para siswa SMP Negeri 1 Kalinyamatan TP. 2020/2021. Sugeng pepanggihan kaliyan Bu Dita lumantar pawiyatan Daring (Dalam Jaringan). Mugi - mugi kula saha para siswa tansa

08/07/2020 10:15 WIB - Aditya Febi Setyaningrum